Sunday, August 25, 2013

Halal bihalal 2013 M / 1434 H Serulingmas



SERULINGMAS
di Semarang



pak Eko (Prof. Ir. Eko Budihardjo, MSc) lagi pidato
mburine ana pengrawit calung Banyumasan, gebere gambar hulah Bawor lagi njaluk ngapura
blakasuta, moncer dedege, regeng guyube

Serulingmas, niku paguyubane prantoan sedulur – sedulur sebrayate sekang  Banyumas, jane sih bekas Karesidenan Banyumas, dadi asale kang wilayah Kabupaten Banyumas, Kabupaten Cilacap, Kabupaten Purbalingga, lan Kabupaten Banjarnegara.

Jan rame pisan akeh sedulur sing pada rawuh nang latare wakile rakyat Jawa tengah (Halaman Gedung DPRD Propinsi Jawa tengah), Jl. Pahlawan Semarang. Ngko angger nang njero mbok ndarani lagi rapat, utawa ndarani lagi nglantik Gubernur / Wagub karo ibu PKK Serulingmas.


Para tamu undangan pada ndomblong mbuh lagi  mirsani apa,
 kayane sih lagi ndeleng calung Banyumasan
Para sedulur pada teka terus kon absen “eh eh eh ora ding” ngisi buku tamu undangan, kae lah kaya arep kondangan, mung bedane ora teken, tapi malah kon ngisi nomer tlepun. Tek goleti kolom tekenan, ora nana, ya wis disi baen nang kolom “signature”.

Pak Fathur (Prof. Dr. Fathur Rokhman, M.Hum) lagi pidato.

Daharane ya akeh banget,  cacaeh akeh tur wrena – wrena pisan. Ana sroto Sokaraja, kluban kecombrang, mendoan “jan enek pisan mendoane”, gethuk teles ana sing ngarani gethuk mentah kae gethuk sing urung digoreng, ora ketinggalan nginume dawet ayu kang Banjar. Arep mangan seporete ngonoh kena baen ari kelar.
Lenggere lagi ngibing, ya ora kethang setieran kena nggo tamba kangen

Halal bihalal sedulur Banyumas “Serulingmas” sing pada nang Semarang suguhane krasa banget kaya lagi nang Banyumas, ya nginume, ya mangane, tur maning hiburane ya pas. Panitia nanggap lengger, karo calung Banyumasan. Dadine jan rameeeeeeeeeeeeeeee gome, pada jogedan, ibing – ibingan karo lenggere. Lah wis mbleketaket pokoke. 
Goli ngibing jang nganti munyeng, ya ora ketang setieran nggo tamba kangen.



pak Eman Sulaiman paring tausiah, karo sisan mimpin do’a
supaya warga Banyumas khususe lan warga Indonesia  umum pada guyub rukun tur sehat

Sumber : Foto – foto pribadi drg. Iman Supardan, M.Kes.



No comments:

Post a Comment